Senthong nyolowaði


Painem senengané nglebókke wong lanang pas wayahé bójóné nyambût gawé. Ndhilalah Paiman, anaké sîng lagi sangang tahónan mulîh, meruhi biyungé lagi nganu karó wong lanang iku. Paiman banjûr ndelîk ónó sajeronîng senthûng. Let sedéla bapakné tekó. Gagé2 Painem ndelikake wong lanang iku mlebu ana jeronîng senthûng. Óra ngerti yèn anaké ana kono.

Karó bisik2 Paiman kóndó : Kok peteng nggîh, mriki ?
"… hè’ èh …"
"Kula gadah raket badmintón"
"Wadûh apiké"
"Kersó tumbas ?"
"Óra, ah"
"Rómó wonten njawi, lhó"
"Piró tó regané ?"
"Kalîh atûs sèkèt ewu "
"Yó wîs … tróndóló"

Let pirang minggu kedhadhéan manèh, wûng lóró ndelîk bebarengan ónó senthûng.
Karó bisik2 Paiman kóndó : Kok peteng nggîh, mriki ?
"… hó’ ûh …"
"Raket kula taksîh setunggal"

Wong iku kelingan si Paiman.

"Piró ?"
"Pitûng atûs sèkèt ewu "
"Yûh wîs … tróndóló"

Let rûng minggu kedhadhéan manèh, wûng lóró ndelîk bebarengan ónó senthûng.
Karó bisik2 Paiman kóndó : Kok peteng nggîh, mriki ?
… hó’ ûh …

Wong iku wîs ngerti si Paiman arep ngópó

"Kuwé dhuwé ópó ?"
"Nèt kaliyan kóck"
"Piró ?"
"Satunggal yuta setengah"
"Yûh wîs … tróndóló"

Sawijinîng dhinó bapakné ngajak Paiman maîn badminton.

"Wah, empûn kula sadhé"
"Tûk dhûl piró ?"
"Kalîh yuta setengah "
"Ha ? Ngawûr kówé, kuwi jenengé nuthûk ! Óra kenó. Ayo kudhu dhidhukónké”

Bapakne ngeteraké Paiman menyang sawijinîng Pedhukunan. Paiman mlebu ónó jero senthong.

Karó bisik2 Paiman kóndó : Kok peteng nggîh, mriki ?
Ki Gdé Dadûng Ireng nggetak : Hèh ! kówé manèh ... tróndóló !


Tutuge

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh