Padatan owah gingsîr


"Tak roso2 jaman iku owah gingsîr, yo ?"
"Pancèn mengkóno"
"Ono sîng kulawîk barang, jé"
"Kuwalîk ? Opo, upamané ?"

"Dèk isîh yang2an, sîng wédhok keplèsèt, gagé2 dhitulungi sîng lanang”
"Basan rabi ?"
"Nèk sîng wédhok keplèsèt, óra dhitulungi, malah dhilokké – horotoyonohhhh …"
"Ah, kuwi rak dagelan lawas"
"Nèk jaman émangsipasi saiki, kedhadhéyané kulawik. Sîng sengsoro sîng lanang"
"Cóntóné ?"

"Dèk isîh mantèn anyar, isîh romantis”
"Romantisé piyé ?"
"Upamané, angger mulîh kantor dhipethûk sîng wédhok karó nggawakké sandal. Asuné buntuté kopat kapit karó njegog2. Seneng, bendharané rawûh. Romantis, to ?"
"Ho ‘oh. Nîng nèk mantèn lungset piyé ?"
"Kulawîk !"
"Kuwalîk ? Sîng lanang dhitûtké asuné methûk sîng wédhok sîng lagi nonggo karó nggawakké sandal. Ngono, po ?"
"Óra ngono. Nèk teko yo tetep dhipethûk karó bójó lan asuné. Mûng kulawik"
"Sîng kuwalîk apané ?"
"Sîng nggawakké sandal asuné; sîng njegog2 …….. situk-é"


Tutuge

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh