Kodok Ngórèk nyolowaði


"Wé, lha dhalah. Iki ono kenyo sulistio ngabyantoro, sopo aranmu ?"
"Kulo Deronika, rondo enèm, saweg nglampahi rondo wadat"
"Opo kuwi ?"
"mBoten kîngîng sesambetan kaliyan tiyang jaler supados Salon kulo laris"
"Nganti kapan ?"
"Setunggal tahûn. Nangîng kulo mboten kiyat ngampet”
"Jalarané ?"
"Lha, kulo tesîh enèm, jé”
"Njûk karepmu piyé ?"
"Nopo onten sîng biso nyulihi tiyang jaler ?"
"Sîk, tak matak aji disîk, tak golèk (bakmi) wangsît, entènono sedélo”

Sawisé sauntoro wektu

"Pripûn, onten mboten ?"
"Ono. kówé menyango Setro ngGondhomolo. Golèko kodok"
"Kodoké dhigodog nopo dhigorèng ?"
"Hus, óra. Kuwi kodok sekti. Biso manjîng ragamu nyulihi wong lanang lan biso nglegani kówé nganti sak maremmu”
"Kodok ? Ah, Ki Gdé niku, lhó ………”
"Wîs to, ojo maidho. Lakonono baé”
"Wo, ngoten to ? Nggîh pûn, kulo lampahi. Nyuwûn pengèstu"
"Sîng ati2, yo. ngGondhomolo iku wingît. Pengèstuku baé tampanono”

Sawisé sauntoro dhino, Deronika bali manèh

"Ki Gdééééééééééé ……… !"
"Ono opo, ono opo …….”
"Niki kodoké kok mboten saget nopo2"
"Piyé, to ?"
"Lha mûng kèndhel mawon. Bisané mûng mrongos thok, niku pripón?"
"Kéné, kodoké tak takonané"

"Kodok, kodok, …… kówé ngerti tugasmu óra, Dok"
"[ kodoké meneng baé ] …….. (endhi ono kodok biso omong ?)"
"Wé lha, kok meneng baé ? Kétoké iki kodok ngah ngoh”
"Wah, njûk pripûn ?"
"Tak takonané menèh. Dok, ayo mangsuli ! Nèk óra gelem mangsuli tak tempilingi kówé !"
"[ tetep meneng baé ]"
"Wah, éntûk kodok jombloh kiyi, Der. Durûng werûh carané nglegani wong wèdhok”

"Njûk pripûn ?"
"Ndhadhak dhiweruhi disîk, piyé carané nglegani kówé"
"Carané pripûn ?"
"Kówé mlebuwo senthong. Kodoké gawanen. Aku tak tunggu ngarep senthong"

………………

"Mpûn, niki kulo empûn teng njero senthong”
"Si Kodok jombloh werûh posisimu óra ?"
"Nggîh, ketingal”
"Saiki kówé ucól2 ………"
"Ucól2 ?"
"Ho’ oh. Bèn kodoké werûh”
"Namûng pengadheg njawi nopo ucól2 ngantos telas sedhoyo ?"
"Kabèh"
"Mblegendhong ?"
"Ho’ oh”

"Nggîh. ………. Niki mpûn rampûng ……"
"Kodoké ndhelokké kówé óra ?"
"Nggîh, ningali. "
"Saiki kodokè piyé"
"Kok mûng mrongos thok, nggîh ? Matané mlóló (endhi ono kodok matané sipit ?)"
"Wah, jiaaaaan. Kodok ngah ngoh ! "

" "
"Yo wîs, saiki kówé mapano ……”
"Mapan pripûn ?"
"Sîng biasané. Wîs ngerti, to ?"
"Kadhos nèk ajeng nganu niko, nopo ?"
"Ho’ oh, koyo nèk arep nganu kaè. Ngerti, to ?"
"Ngertos. ………. Empûn, niki kulo pûn mapan ……"

"Kodoké ndhelokké kówé óra ?"
"Nggîh, ningali. Nîng mûng kèndhel mawon”
"Kodoké mrongos óra ?"
"Enggîh, niko untuné patîng crongat"
"Wé lha dalah, …….. éntûk kodok baé kok kodok jombloh”
"Wah, njûk pripûn niki. Kulo selak kademen. Lha kulo wudho mblegendong, jé"

"Yo wîs. Sedélo menèh aku tak mlebu ……"

Théottttt ……(sworo kodok ngorèk)
Sensor ……….
Théottttt ……
Sensor ……….
Théottttt ……
Sensor ……….
Théottttt ……
Sensor ……….
Théottttt ……
Sensor ……

Mengkóno saterusé. Saben rong dhino pisan Kodoké dhiweruhi carané nglegani Veronika. Dasar kodok jombloh, nganti setahûn tetep óra biso. Tujuné, Veronika wîs kelegan. Ki Gdé Dadûng Ireng yo ‘marem’.

Tutuge

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh