Gemblong dhituwakké.


Omon, Temu lan Gemblong podo umuk2an.

"Aku wîs tau dhiundhang ‘mas’"
"Kapan ?"
"Pas ono dayoh takoIbumu ada, mas ?"

"Aku malah wîs tau dhiundhang ‘pak’”
"Kapan ?"
"Pas ngadheg pinggîr dhalan, ono wong tako“ Pak, rumah Ki Gdé Dadung Ireng mana ? “"

"Ah, ngono baé nggo umûk. Aku malah wîs tau dhiundhang ‘eyang’"
"Mbèl, ah. Ndhobos kówé, dèk kapan ? "
"Pas ono Jakarta"
"Sîng ngundhang kówé ‘mbah’ sopo ?"
"Kondektûr Bis"
"Muni piyé ?"
"Pas aku medûn, aku takon kondekturé, mbayar pinten ?"
"Opo wangsulané ?"
"Mo jauh KEK, mo deket KEK, ongkos sama saja”

Gemblong kesèt

"Mblong, kaé dhelengen si Omon lagi ngopo ?"
"Nyaponi kelas"
"Si Temu lagi ngopo ?"
"Ngresiki jendélo kelas "
"Si Gandûng ?"
"Ngresiki méjo kursi kelas"
"Lha kówé kok mîng meneng waé, cah kesèt !"
"Wéééééé, mboten ….”
"Kówé ngopo ? Genah meneng baé ngono, kok”
"Lhó, kulo rak empûn mboten ngusuhi, to ?"

Tutuge

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh