Gemblong bocah bodo


Gemblong nginjen PIN

Temu lagi njupuk duwît ATM, Gemblong nginjen seko mburi

"Ngopo kok pringas pringis ?"
"Hayo, aku saiki ngerti PIN Kartu ATM-mu !"
"Ah mbèl, piro nek ngerti ?"
"Tondo asterik (*) cacahé enem !"

Gemblong nonton DCD

"Wîs sidho nonton DCD, Mblong ?"
"Wîs, nîng jaréné DCD wayang kok peteng thok isiné?"
"Lakoné opo, to ?"
"DCD Cleaner"

Gemblong nggolèki kunci

"Mbloooong, aku dhiéwangi nggolèki kunciku tibo jero kamar kéné”
"Yoh, ….”

"Lhó, lhó, lhó ….. kok malah metu"
"Kono peteng, nggolèki njobo sîng padang”

Gemblong takon GIA

"Mbloooooong, …….”
"Nopo, pakdé ?"
"Cóbo takono GIA, Jakarta – Tokyo pirang jam ?"
"Nggîh, ……”
" "
"Haloooooooo"
"Halo GIA, bisa dhibantu ?"
"Jakarta – Tokyo berapa jam, ya ?"
"Sîk, sîk, sîk, …… sebentar, ya”

Krekep, telpûn dhipatèni

"Pakdéééééé ……"
"Piyé, pirang jam ?"
"Namûng ‘sekedap’”
" "
Gemblong tuku TD

"Dhodhol TD berwarna ?"
"Wonten"
"Tumbas sîng ijo, nggîh"

Gemblong tuku thermos

Gemblong mlebu tokoné babah énthong
"Sîng meling2 kuwi opo ? ""
"Iki Thermos"
"Kanggo opo ?"
"Kanggo nyimpen adem lan panas"
"Tumbas setunggél"

Tekan kantor dhitakoni pakdéné.
"Kuwi tuku opo ?"
"Thermos, pakdé”
"Tok isèni opo ?"
"Kopi bentèr kalian ès krim"

Aturan Lalu Lintas

"Mu, sîng menggok mengiwo kok óra dhicekel, to ?"
"Lhó, kuwi ono tulisan ‘belok kiri jalan terus’, to ?"
"Lha, mulakno kuwi !"
"Kok dhicekel salah opo ?"
"Lhó, nèk mengiwo rak dhikon terûs, to ? Kudhu bablas, óra éntûk menggak menggok !"

Aturan Kobongan

"Mu, tulisan nggon lift kuwi opo óra klèru ?"
"Tulisan endhi ?"
"Tulisan 'Jika terjadhi kebakaran, gunakan tangga'“
"Klèru piyé ?"
"Nèk kobongan rak dhigrujug banyu, to ? Kok malah nganggo ondo ?"

Tutuge

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh