Gemblong nompo warisan


"Temu lan Omon, mrénéyo, tak kandani”
"Ono opo ?"
"Pak Rono gerah nemen …….”
"Pak Rono sîng uthil kaé ?"
"Iyo. Kétoké óra ono sîng niliki jalaran podo óra seneng. Uthilé nyeteg. Nîng óra dhuwé turûn”
"Njûk piyé ?"
"Saiki ayo podo mrono. Bejan2, sopo ngerti dhitinggali warisan”
"Wo, ho ‘oh yo. Sopo ngerti ?"
"Ho ‘oh. Yûk mrono yûk …… "

"Mbah Rono, niki kulo Gemblong, Temu kalîh Omon sowan"
"Wah, ……. cah mbeling2 kok genep totokramané”
"Enggîh mbah, niki laré2 badé nguntapken mbah Rono kondhur nuju zaman kelanggengan. Ayo Temu lan Omon podo ndhonga bebarengan”
"Adûh, bocah teluuuuu ….. gedé panarimaku déné wîs podo nguntapké aku. Sadhurûngé aku mati, kówé tak tinggali duwît Rp. 300,000 kanggo wong telu. Saben bocah tak titipi Rp 30,000,000.- supoyo dhilebokké amplop lan cemplûngno ono sajronîng bandosaku”

Sawisé layatan, bocah2 podo ketemu manèh.

"Mon, piyé welingé mbah Rono wîs tok tindhakké, to ?"
"Wîs, nîng sîng tak lebokké bandosa mûng rong pulûh yuto”
"Sîng sepulûh yuto ?"
"Tak caoské bopo guru supoyo biso kanggo ndandani sekolahan”
"Wé, kok ngono to ?"
"Óra opo2, mengkó rak swargi mbah Rono biso ketompo îng kaswargan jalaran wîs nyumbang sekolahan"

"Nèk kówé piyé, Mu ?"
"Sîng tak lebokké mûng sepulûh yuto"
"Sîng rong pulûh yuto ?"
"Tak caoské bopo yatim piatu supoyo biso nyantuni bocah2 kuwi”
"Wé, kok ngono to ?"
"Óra opo2, mengkó rak swargi mbah Rono biso ketompo îng kaswargan jalaran wîs nyumbang yatim piatu”

"Nèk aku óra ngono, telûng pulûh yuto tak caoské kabèh supoyo biso nyogok bèn ra mlebu neroko"
"Wah, kówé pancèn mituhu dawûh, Mblong”
"Tûr óra dhuwé roso mélîk. Wîs trimo dhiparingi 100,000”
"Gemblong pónakané Kiai Góntèng, jé”

"Sîk, sîk, sîk ….. sîng tok caoské swargi mbah Rono mau opo ?"
"Cek"

Tutuge

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh