Nyetheg Nyolowadhi


Nyetheg Nyolowadhi

"Kok gumujeng, onten nopo pakdé Jayèng ?"
"Hihihi, ... Jan2é si Temu kuwi ènthèngan, nèk dhikongkon ndhemenaké nîng bódóné
nyetheg"
"Pripûn, to ?"
"Mau tak wènèhi duwît satûs èwu tak kon nggó tuku wedûs yo njûk mangkat"
"Hé hé hé .... , pundhi onten wedûs regi satûs èwu ?"
"Lha mulakno kuwi"

"Gemblong niku nggîh sami mawon, sami2 ènthèngan, ndhemenakken, lan bódóné ugi
nyetheg"
"Piyé, to ?"
"Wau kulo kèngkèn niliki kulo empûn ten nggriyo mboten, nggîh njûk bidal"
"Hé hé hé, ... , lha wong kówé ono kéné, kok ... "


Îng sawijinîng ratan Gemblong nututi Temu
"Muuuuu, ... kówé kok gliyak2 karó ngguya ngguyu arep menyang endhi ?"
"Hihihi, ... Jian, pakdé Jayèng kuwi bódóné tambah nyetheg, Mblong"
"Piyé, to ?"
"Mau mènèhi aku duwît satûs èwu kon nggó tuku wedûs. Harak bódó nyeteg, to ?"
"Nyethegé piyé ?"
"Iki rak dhino Minggu, endhi ono wong adhol wedûs dhino Minggu?"
" .... ihik "

"Kówé kok kesusu arep menyang endhi Mblong"
"Aku dhikongkon Kang Arjo. Kang Arjo kuwi bódóné luwîh nyetheg"
"Piyé, to ?"
"Aku nembé waé dhikongkon kang Arjo kon niliki dèwèké ono nang ómah óra"

"Nyethegé piyé ?"
"Lha kok kangèlan ndhadhak kongkonan aku. Mbok wîs kari takon bójóné nganggó SMS
?"
" .... ihik "

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh