Nyetheg Nyolowadhi


Nyetheg Nyolowadhi

"Kok gumujeng, onten nopo pakdé Jayèng ?"

"Hihihi, ... Jan2é si Temu kuwi ènthèngan, nèk dhikongkon ndhemenaké nîng bódóné
nyetheg"

"Pripûn, to ?"

"Mau tak wènèhi duwît satûs èwu tak kon nggó tuku wedûs yo njûk mangkat"

"Hé hé hé .... , pundhi onten wedûs regi satûs èwu ?"

"Lha mulakno kuwi"



"Gemblong niku nggîh sami mawon, sami2 ènthèngan, ndhemenakken, lan bódóné ugi
nyetheg"

"Piyé, to ?"

"Wau kulo kèngkèn niliki kulo empûn ten nggriyo mboten, nggîh njûk bidal"

"Hé hé hé, ... , lha wong kówé ono kéné, kok ... "

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh