Telpón nyolowaði


Kriiiiîng ….. Kriiiiîng ….. Kriiiiîng ….. !

"Halooooooo ……”
"Halo ……”
"Lhó, sopo kuwi ?"
"Kulo Parjo"
"Parjo sopo ?"

"Kulo tukang kebon, dhidawuhi negori wit2an”
"Aku óra rumongso kongkonan tukang kebon, kok ?"
"Nembé énjîng wau dhidawuhi ibu sîng kagungan griyo "
"Wo, yo wîs. Ibuné aturono nampani telpûn. Jo”
"Ibunipûn saweg kelonan kalian garwanipûn teng nglebet kamar"

"Ha ? Kurangajar !"
"Lhó, pripûn to ?"
"Kuwi dhudhu bójóné ! Aku bójóné. Kurangajar !"
"Wééé, lhaaaaa ……"

Sepi nyenyet

"Sîk, sîk, sîk ……….. kówé tak wènèhi duwît 10 yuto, gelem ?"
"Nggîh, ……. Kulo kèn nopo ?"
"Anggonmu negori uwît nganggo opo ?"
"Pethèl"
"Tegoren guluné wong2 sîng lagi kelonan kuwi”
"Nggîh !"

Gedubrak, …….. gedhebug, ……… glodag, ………. bet, bet. !

"Piyé ?"
"Empûn pejah sedhoyo. Layon2é dhinapakké ?"
"Cemplûngno blumbang kono ……”
"Blumbang ? Pundhi ? Ngriki mboten onten blumbangé”

Sepi nyenyet

"Sîk, sîk, sîk ……. Kéné nomer telpuné 864-6666, udhu ?"


Tutuge

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh