Ngupaði ðarmanîng Wanito


"Ki Gdéééééééé !"
"Ono opo, ono opo !"
"Pûn, kulo mang pejahi mawon, Kiai ….. uhuk …. uhuk …"
"Lhó, teko2 kok njalûk mati ?"
"Kulo dhitilar yang kulo, Kang Paijo ngrabi cah kilèn kali … ….. uhuk …. uhuk …"
"Wah, sîng jenengé urip iku …. blah ….. blah ….. blah …”

"Ki Gdéééééééé !"
"Opo ?"
"Kulo mriki mboten ajeng ngrungokké panjenengan ngomyang"
"Lha arep ngopo ? Arep njalûk pati ?"
"Enggîh, nîng sadhèrèngé pejah, kulo tak ngrasakké dhadhos sejatinîng wanito"
"Opo karepmu ?"
"Kulo niki tesîh prawan sunthi, jé”

"Njûk piyé ? "
"Kulo mbok dhipadhoské tiyang jaler supadhos ndhadhosaken kulo sejatinîng wanito”
"Sadhurûngé nglalu, kówé kepîngîn ngrasakké dhadhi wong wédhok dhuwé bójó, po ?"
"Enggîh”

"Yoh. Aku baé, po ?"
"Ki Gdé ?"
"Mumpûng nyainé lagi kulak saham menyang Wall Strît”
"Kulo nyulihi Nyai Gdé ?"
"Hè’èh. Gelem óra ?"
"Mbénjang menopo ?"

"Saiki"
"Sameniko ? "
"Saiki. Detik iki ……"
"Ihik …… kulo tesîh prawan sunthi, jé ……"
"Óra opo2. mengkó tak wuruki”
"Ihik ……. Isin, ah …… "

"Piyé, gelem óra"
"Ihik, ….. Nggîh sakersané …. Setunggal jam kémawon, nggîh ?"
"G Óra cukup, palîng óra rong jam”
"Kalîh jam ? Menopo panjenengan kuwawi ?"
"Lhó, kówé sîng kudhuné tak takoni, kuwat rong jam óra ?"
"Panjenengan kiat kalîh jam ? Mangké nèk mlicèt, pripûn ?"
"Lhó, nèk aku rak wîs kapalen. kówé isîh prawan, gampang mlicèt”
"Ngîh pûn, kulo manût”

"Sîk, aku tak ucûl klambi lan kathok"
"Teng ngriki ?"
"Ho’oh"
"Wah ……”

Ki Gdé Dadûng Ireng gemrégah terûs ucól2 klambi lan kathok, kari kolóran

"Nyoh, iki dhikumbahi njûk dhisetriko, yo. Bar kuwi njûk resék2 ómah lan masak. Ojo sambat nèk nganti mlicèt2, yo”

[ yé,sîngsenenganésarukecelîk ]

Tutuge

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh