Wawancara nyolowadhi II


Ki Gdé dhidawuhi nampiki pelamar sîng kebacût dhiundhang wawancara jalaran ôra sidho gôlèk pegawe anyar akibat bisnis lagi lungkrah.

Pelamar sepisan dhitimbali

“Kôwe nglamar opo?”
“Sekretaris”
“Kowé ayu?”
“Jaré tiyang2 kulo ayu”
“Kôwé ôra ketompo”
“Sebabé?”
“Aku mengkô dhikuyo2 bu Direktur nèk nglebokke sekretsris ayu”
“Lhô sakjané kulo mboten ayu, mîng dhandhan, dempulan, lan ngriki nganggé silikon”
“Tambah ôra ketompo!!!”
“Sebabé?”
“Nèk nglebokké sekretaris ôra ayu aku dhi-kuyo2 direktur”



“Nglamar opo?”
“Tukang las”
“Pengalaman?”
“18 tahûn”
“Kôwé ôra ketompo”
“Sebabé?”
“Mengkô kôwé nang kéné mîng arep keminter, to? Jalaran akèh pengalaman”
“Lhô, nadhyan kathah pengalaman taksîh kathah kang perlu kito sinau, to”
“Tambah ôra ketompo!!!”
“Sebabé?”
“Pengalaman 18 tahûn kok isîh sinau? Mesthi bôdô nyetheg, kuwi”



“Nglamar opo?”
“Tukang las”
“Pengalaman?”
“3 tahûn”
“Kôwé ôra ketompo”
“Sebabé?”
“Kurang pengalaman, ndhadhak ngajari”
“Kulo rak saget sinau cepet?”
“Tambah ôra ketompo!!!”
“Sebabé?”
“Iki pabrik, dhudhu sekolahan!”



“Nglamar opo?”
“Tukang cèt”
“Wîs ndhuwé yang?”
“Dhèrèng”
“Kôwé ôra ketompo”
“Sebabé?”
“Kôwé mréné rak mûng arep gôlèk yang, to? Jalaran akèh pegawé wédhok”
“Lhô, kulo niki gemblak”
“Tambah ôra ketompo!!!”
“Sebabé?”
“Kéné akèh warok. Mengko podo ôra nyambût gawé, jiwit2an karô kôwé”



“Ndhuwé HP?”
“Gadah!”
“Kôwé ôra ketompo”
“Sebabé?”
“Mengkô ôra nyambût gawé malah telpun2an lan sms-an”
“Nggîh, HP kulo sadhé”
“Tambah ôra ketompo!!!”
“Sebabé?”
“HP tok dhol bèn nèk mbolos ôra biso dhitelpûn, to?”



“Nglamar opo?”
“Tukang Listrik”
“Wîs tau kesetrum?”
“Wah, kerep”
“Kôwé ôra ketompo”
“Sebabé?”
“Mengkô lagi mbût gawé sedhélo kôwé wîs layatan, ngrépoti ndhadhak ngundhang ambulan, bandôso, môdîn, lll”
“Rak nggîh ngatos-atos, to?”
“Tambah ôra ketompo!!!”
“Sebabé?”
“Nggonmu temandhang dhadhi nunak nunuk suwi ôra rampûng2. Larang!!”



“Nglamar opo?”
“Sôpîr”
“Tau nabrak?”
“Dhèrèng”
“Kôwé ôra ketompo”
“Sebabé?”
“Nèk ra tau nabrak biasané lakuné alon2, thimik2 suwi ôra tekan2”
“Lhô, kulo rikat nggîh saget”
“Tambah ôra ketompo!!!”
“Sebabé?”
“Nèk dhurûng tau nabrak, suwé2 bakal nabrak”

1 komentar:

Durian Monthong on 3:34 AM said...

Numpang ngguyu meneh ah, wakakakaaaa

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh