SPG Plus Nyolowadhi


Ki Gdé nerûske anggone gôlèk2 alesan kanggô nampiki pelamar2 sîng kebacût dhiundhang.

“Nglamar opo?”
“SPG”
“Plus?”
“Mboten”
“Kôwé ôra ketompo”
“Sebabipûn?”
“Nèk ôra plus, ôra pati payon”
“Sakjané kulo niki plus nîng wau ajeng ngaku isin, jé”
“Wah, tambah ôra ketompo”
“Lhô?”
“Nèk nglebokké SPG-plus aku mengkô dhicekel polisi, dhituduh germo”

http://www.webweaver.nu/clipart/img/web/bars/newrule.gif
“Nglamar opo?”
“SPG”
“Opo penjalûkmu?”
“Gaji 5 yuto, arto dahar 20,000 sedhinten, arto transport 15,000 sedhinten, artho rokok 10,000 sedinten, arto lembûr, cuti 2 minggu setahûn, pesangon sewulan gaji setahûn, arto cuti ½ wulan gaji, THR 100% gaji sewulan, bonus tahunan minimal sewulan gaji, asuransi, jamsotek, arto medis 100% dhitempuhi, fasilitas olah raga, parkir, ... ”
“Wîs?”
“Pûn”
“Ôra ono sîng kliwatan?”
“Mboten”
“Kôwé ôra ketompo”
“Sebabipûn?”
“Kakèhan penjalûk!!!”
“Nggîh, kulo badhé dhiparingi nopo kémawon sagah lan kulo tampi”
“Wah, tambah ôra ketompo”
“Lhô?”
“Kantor kéné ôra nompo pegawé narimo îng pandhum”


“Nglamar opo?”
“SPG”
“Dhandhanmu piyé?”
“Sexy”
“Kôwé ôra ketompo”
“Sebabipûn?”
“Mengkô penonton mîng ndheleng kôwé, ôra tuku dhagangan pabrik iki!”
“Mangké kulo tak dhandahn brukut”
“Wah, tambah ôra ketompo”
“Lhô?”
“Lha mengko penonton ôra ono sîng moro”
http://www.webweaver.nu/clipart/img/web/bars/newrule.gif
“Nglamar opo?”
“SPG”
“Partaimu opo?”
“Golkar”
“Kôwé ôra ketompo”
“Sebabipûn?”
“Kéné akèh PDIP, kôwé mîng marahi nggô nyèk2an, malah podo ôra nyambût gawé”
“Nggîh mangké kulo tak pindah PDIP”
“Wah, tambah ôra ketompo”
“Lhô?”
“Kantor kéné wîs kakèhan PDIP kok malah arep ketambahan kôwé? Kepiyé to?”

http://www.webweaver.nu/clipart/img/web/bars/newrule.gif
“Nglamar opo?”
“SPG”
“Hobi?”
“Nyanyi”
“Kôwé ôra ketompo”
“Sebabipûn?”
“Mbrebegi kantor!!!”
“Lhô, swanten kulo saé sanget, kok”
“Wah, tambah ôra ketompo”
“Lhô?”
“Kéné pabrik, dhudhu karaoke”
http://www.webweaver.nu/clipart/img/web/bars/newrule.gif

3 komentar:

exops on 11:33 PM said...

kibroto, kulo numpang ngikik..xixixixi..
postingane sampean kok jan... ra nguati tenan..

Durian Monthong on 3:26 AM said...

Numpang nguyu juga iki ... wakakakaaa

Unknown on 1:14 PM said...

nderek ngguyu ki ...
welahh ... ora keno!!
sababipun? ...
ngguyu kuwi ono swarane!
nggih mangke kulo rekam-ke ...
wehladalah .. ojo !!!
amargi? ...
hla mengko postingan-e gedhe
nggih pun kulo meneng wae
hla kowe kuwi ora nduwe roso po piye?
...(cpd)

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh