Wadhûl Nyolowadhi


Wadhûl Nyolowadhi

"Mu, saben uwong mesthi dhuwé wewadhi"
"Ho'oh"
"Nèk wewadhiné dhiwiyak wong kuwi mesthi mbanyaki"
"Methi waé"
"Aku arep nyóbo mbebédho wong, wewadhiné kito wiyak"
"Sopo? Kówé ngerti wewadhiné, po?"
"Aku óra ngerti wewadhiné opo"
"Nèk ra ngerti wewadhiné anggonmu arep miyak piyé?"
"Wîs menengo waé, ayó mèluwo aku"

- 0 -

"Lîk Tuki, .... "
"Ngopo Mblong kok sajak xaverius ?"
"Empûn pinten2 dhinten kulo ngampet wewadhos penjenengan ... "
"Wewadhi opo ?"
"Sakniki kulo mboten kuwawi ngampet. Kulo ajeng wadhûl, .... "
"Sîk, sîk, sîk, .... "
"Pûn nggîh, kulo ajeng miyak wewadhos, ... "
"Sîk Mblong. Aku wingi entas éntûk bledhûg seko kantor. Kówé tak wènèhi
ujuran glem pra?"
"Kulo ajeng dhiparingi ?"
"Ho'oh. Nyoh kanggó seneng2. Nîng ojo wadhûl, yo?"
"Niki nggé kulo? Nggîh, kulo mboten siyos wadhûl"

- O -

"Lhó Mu, éntûk rezeki, to?"
"Ho'oh"
"Gólèk menèh, yûk"
"Sopo menèh?"
"Bu Lîk Tuki"

- O -

"Bu Lîk Tuki, ... "
"Ngopo Mblong kok serius?"
"Empûn pinten2 dhinten kulo ngampet wewadhos penjenengan ... "
"Wewadhi opo ?"
"Sakniki kulo mboten kuwawi ngampet. Kulo ajeng wadhûl, .... "
"Sîk, sîk, sîk, .... "
"Pûn nggîh, kulo ajeng miyak wewadhos, ... "
"Sîk Mblong. Aku wingi entas éntûk bathèn. Kówé tak wènèhi ujuran glem
pra?"
"Kulo ajeng dhiparingi ?"
"Ho'oh. Nyoh kanggó seneng2. Nîng ojo wadhûl, yo?"
"Niki nggé kulo? Nggîh, kulo mboten siyos wadhûl"

- O -

"Lhó Mu, ... éntûk menèh, to?"
"Ho'oh"
"Gólèk menèh, yók"
"Sopo menèh?"
"Kang Sugi, sîng kost nggoné bu lîk Tuki"

- O -

"Kang Sugi, .... "
"Opo Mblong, kok njanûr gunûng?"
"Wîs pirang2 dhino aku ngampet wewadhimu"
... bla ... bla ... bla ...

"Aku arep tok paringi?"
"Ho'oh. Nyoh kanggó seneng2. Nîng ojo wadhûl, yo?"

- O -

"Lhó Mu, ... bathi akèh, to?"
"Nîng Mblong, aku óra kuwat ngampet wewadhimu. Aku arep wadhûl karó lîk Tuki,
... '
"Hus! ... Iki kówé tak wènèhi seprapat"
"Óra Mblong, aku arep wadhûl waé, ... "
"Tak kèki separó, wîs ... "
"Aku óra mentolo, Mblong. Aku arep wadhûl, ... "
"Wé lha, ... yo wîs ... iki pèken kabèh ... nyoh ... "
"Iki kanggó aku? Kabèh?"
"Ho'oh. Nîng ojo wadhûl yo?"
"Yoh"

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh