Album Nyolowadhi


Album Nyolowadhi

"Mongoooo, ... lenggah mriki celak akuarium. Badé ngunjûk nopo?"
"Cocacola"
"Ngersakké sîng pundhi? Sîng padet singset, weweg, lencir, mentheg2? Sîng
cemeng manis nopo sîng kuning? Nopo sîng jaran tèji?"
"Sîng nganggé klambi semrawang niku sinten?"
"Niku ? Niku Veroniki, laré mBoyokèlingan. Serpisé saé. Dhinapak-napakké
purûn. Sakîng ngajeng purûn. Sakîng wingkîng oke. Ajeng dhidawuhi mlumah nopo
mengkurep mboten suwolo. Pokoké, sip"
"Pinten?"
"Niku ? Sak mainan seyuto empûn klebet kamar nganggé AC, daharan, unjukan,
lan persènan kanggé kulo"
"Wah, kok larang ?"

"Nopo sîng njingik celak jendélo niko?"
"Sîng klambine dhibledèhké niku ?"
"Enggîh, mentheg2 to?
"Niku mboten mentheg2, niku lintreg2. Wong ginuk2 kok dhialembono weweg"

"Sîng putih saweg dhólanan kacu niku kerso ?"
"Sîng nganggé rok cincîng niku?"
"Enggîh. Niku laré Pontianak jenengé Mei-mei. Niku serpisé gandhem marem"
"Pinten?"
"750,000 empûn all in"
"Walaaaaah, ... larangé ... "

"Lha ngersakké sîng mintenan?"
"200an ?"
"Iyaaak, mbok ampûn siyo2 to dhen. Jaman sakniki yotro semonten nggé nopo?"
"Lha pinten?"
"300an kerso?"
"Nggîh, nîng tak ndhelok bócahé sîng pundhi?"
"Sanès sîng ten akuarium. Niki préksani album niki"

"Niki ?"
"Enggîh. Saé2 to?
"Niki ?"
"Lha kersané sîng mirah. Ontené niku. Kerso mboten?"
"Niki sîng saget kulo keloni?"
"Enggîh. Niki Jasiman, niki Paijan, niki Badhrûn, ... kerso ?"

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh