Wawancara Trèmbèlané


Tukijo dhidawuhi nampiki pelamar maneh

" Kówé mau mréné numpak opo ?
" Nitéh mobil
" Kówé óra Ketompo
" Sebabipûn ?
" Saiki BBM mundak terus, mengkó kówé njalûk mundak bayar terus
" Wo, kulo wau namûng mboncèng, kok
" Tambah óra ketompo
" Lhó, lha kok ... ?
" Mengkó mûng gawéné mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi !

Calon liyo :
" Anakmu akèh opo sithîk ?
" Kathah
" Kówé óra Ketompo
" Sebabipûn ?
" Nyambût gawému óra jenjem, mûng mikir gawé anaaaaaak terus
" Wong namûng anak adopsi, kok.
" Tambah óra ketompo
" Lhó, lha kok ... ?
" Gawé anak baé aras2en, opo manèh nyambût gawé

Calon liyo :
" Kówe wîs ngerti gawéyanmu dhurûng ?
" Dhèrèng
" Kówé óra Ketompo
" Sebabipûn ?
" Arep nyambût gawé kok óra ngerti gawéyané ?
" Wo, nèk dhamelan niku mpûn ngertos kok
" Tambah óra ketompo
" Lhó, lha kok ... ?
" Kówe rak mûng arep keminter, to ?

Calon liyo :
" Kówe ngerti kahanan kantor kene dhurûng
" Dhèrèng
" Kówé óra Ketompo
" Sebabipûn ?
" Arep nyambût gawé kok óra ngerti kantoré ?
" Wo, sekedék2 mpûn ngertos kok
" Tambah óra ketompo
" Lhó, lha kok ... ?
" Kówe senengané ngudal-udal wewadhi kantor, to ?

Calon liyo :
" Kówe kerep loro ?
" Mboten
" Kówé óra Ketompo
" Sebabipûn ?
" Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gerîng
" Wah, sakjanipûn nggîh asrîng
" Tambah óra ketompo
" Lhó, lha kok ... ?
" Kantor iki óra nompo karyawan pileren.

Calon liyo :
" Kówe biso maîn Internet ?
" mBoten
" Kówé óra Ketompo
" Sebabipûn ?
" Perusahaan óra nompo BI (Buta Internet)
" Wah, sakjanipûn nggîh saget
" Tambah óra ketompo
" Lhó, lha kok ... ?
" Mesthi mûng óra nyambût gawé, kakèhan dhólanan Internet, to ? Ngenték-entekké pulsa !

Tutuge

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh