Tukijo Ngulondoro


Sawisé pirang tahûn, Tukijo pamît njalûk lèrèn anggoné ngèngèr, arep madeg déwé. Sepisanan nyambût gawé sak kecekelé, wiwît dhadhi tukang ojek, maklaran, mblantîk, nganti dhadhi agen buntût lótre. Wusanané nyóbo dhadhi dukûn nîng óra pati kasîl. Óra payu nganti uripé mèh dhadhi kéré.

Sakîng judegé Tukijo ngulondhoro nganti keblasûk îng laladhan wingît katelah kasetran Gondhomolo. Biyèné padhunungané Tumenggûng Gondhomolo, agul2é wadhyo bolo Nyai ratu Roro Kidhûl, ratunîng lelembût îng segoro kidhûl. Kasebût Gondhomolo sebab sang Tumenggûng wataké kereng, wewaleré óra keno dhilanggar. Sîng nerak wewaler biso keno memolo. Naliko Tukijo kesasar ono kono, Tukijo nompo (bakmi) wangsît supoyo tetep madeg dukûn jejulûk Ki Gdé Dadûng Ireng, nglorod asmané bapakné, lan dhadhi jurukunci kramat iku.

Sakbaliné soko ngGondhomolo, Ki Gdé Dadûng Ireng tansoyo suwé tansoyo kesuwur, wasîs ngusadhani sawernanîng leloro. Luwîh soko iku, Ki Gdé Dadûng Ireng wasîs ngudari ruwet rentengîng urip. Dhadhi konsultan manékowarno, konsultan pajak, manajemen, bisnis, hukum, sepikologi, investasi, politik, ekonomi, lll. Seko rembûg salaki rabi, kulowargo, nganti rembûg perang Irak. Pasien2né pepak, seko kawulo2 cilîk, panggedé2 nganti tekan preman, gali, lan bromocórah podo sébo îng kono. Jalaran wîs dhi-wanti2 Tumenggûng Gondhomolo, óra keno nampîk pasien.

Trah Kromoberdapan
Gemblong iku anaké adiné Ki Gdé Dadûng Ireng sîng ragîl déwé. Biyungé Gemblong rondo lan wîs óra niyat rabi menèh. Mulo soko kuwi Gemblong sok nganggep pakdéné dhadhi sulîh bopokné sîng wîs swargi. Ómahé Gemblong lan pakdéné ungkur2an saînggo sesambungané rapet. Pakdé Dadûng asrîng kongkonan Gemblong nandhangi manéko warno.

Dhiparabi Gemblong jalaran rainé bundher kepleng persis gemblong, dhadhah ketan. Awaké lemu ipel2. Gemblong marisi watak trah Kromoberdhopo mbeling, mbeler, sugîh akal, tûr mbagusi. Persis pakdéné. Gemblong kesèt sekolah, dhadhi kétok bódó. Kakèhan mbyang2an. Gemblong pólatané sumèh, plengah plengèh. Gemblong wongé ènthèngan, dhadhi kerep dhikongkan kongkon.

Menuk iku yangé Gemblong, tonggo ómahé wétan mejîd. Wong lóró guyûp rukûn runtang runtung. Temu iku sakabaté Gemblong. Bocahé sregep sinau lan dhadhi agul2é Gemblong îng pamulangan. Ngalor ngidhûl Temu ngetûtké Gemblong sîng sugîh akal.


Tutuge

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh