Kembang Telon Gondhomolo


"Wééé, iki ono ibu2 Dharmowadhon rawûh cacahé pirang2 ……"
"Sanès Dharmowadhon Kiai, niki ibu2 sakîng Dharmawanita”
"Dharmawanita iku bahasa Indonesia, nèk boso Jowo – Dharmowadhon. Ngunu”
"Nèk Gedung Wanita ?"
"Loji Wadhon`"

"Nggîh, sakersané lé ngarani. Ibu2 niki saweg sami kuwatos"
"Kuwatir opo ?"
"Kuwatir ndak bójó2né dhisamber cewek matre”
"Nèk ngono bójó2né dhicencang ono ngómah mundak glayaran tekan endhi2”

"Ah, Ki Gdé ki senengané sembranan. Ibu2 niki empûn ngagem Sari Rapet Medhuro”
"Lha géné uwîs ?"
"Kirang mantep, jé. Nopo kagungan sîng langkûng majas ? "
"Ono. Sari Rapet Gondhomolo. Kari njukûk seko pasaréan Gondhomolo”
"Majasé pripûn ?"
"Dhadhi koyo prawan sunthi menèh. Sîng mauné gedé mengkeret dhadhi cilîk. Sîng lobok dhadhi sesak”

"Enggîh, nopo ?"
"Cóbanen baé. Mûng tak wanti2, yo. Ojo sembrono. Iki perkoro wingît. Ati2"
"Nggéh"
"Ojo mûng nggah nggîh. Dhigatèkké welîngku. Kasetran Gondhomolo iku ndrawasi !"
"Pokoké ampûn ngantos kekathahen …… mindak buntet, to ?"
"Hè èh”

Sawisé sauntoro wektu, ibu2 Dharmowadhon teko manèh.
"Wah, sari rapet Gondhomolo majas sanget, kiai”
"Tenan to ?"
"Enggîh, ibu2 bingah sedhoyo. Nopo malîh bapakné. Njûk pesta pûra"
"Lha sokûr nèk ngono. Aku mèlu bungah”
"Nîng criosé, ibu2 kesel wira wiri mendeti sari Gondhomolo. Tebîh, jé”
"Lha kari dawûh sopir kantor, to "

"Wé, niki wewadhi, jé. Kepekso dhitandhangi piyambak. Murîh praktisé, mendet kathah”
"Lha, kuwi praktis"
"Enggîh, njûk dhiwadahi genthong”
"Wîs beres, to ? "
"Nîng, si Gemblong, Temu lan Omon niku cah2 tróndóló tenan, kok. Jiaaaan”
"Gemblong ? Wadûh ! Angger ono Gemblong mesthi marahi bubrah. Bilahi !"
"Enggîh, genthongé dhibeto Gemblong. Dhigotong kalîh Temu lan Omon"
"Wé lha ……. Dhibuwak ?"
"Mboten, dhidûm njûk dhimimik kanca2né bal-balan. Sîng nonton sak kampûng nggîh tumût mimik”
"Wé lha dhalah ……”
"Sakniki laré2 jaler sak kampûng njemplîng2 sedhoyo "
"Jagad Dhéwo Bhathoro …….”
"Perkakasé dhadhos sak bitîng2 …… tûr buntet !"

Tutuge

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh