Tópèng SARS


"Ono opo Dhrûn, ono opo kok deleg2 ?"
"Kulo nembé dhidhukani bopo Direktur”
"Salahmu déwé, tukang mbólas mbolos”
"Mboten, wong kulo dhidawuhi tumbas tópèng kanggé nangkîs sar”
"Dhudhu tópèng, kuwi jenengé masker SARS"
"Nggîh, ngoten niku. Nîng îngkang wujûd mangkok empûn telas”

"Sîng isîh opo ?"
"Îngkang wujûd popok"
"Wîs tok pundutké dhurûng ?"
"Dhèrèng. Rak mboten wangûn. to ? Ono priyayi gûng kok nganggo popok. Tûr malîh popok niku dhunungipûn onten ngandap, sanès nggé tópèng rai. Harak saru, to ?"
"Lha anané kuwi, piyé ?"
"Kulo padhosken îngkang mèmper mangkok"
"Golèk ngendhi ?"
"Teng Plaza sîng reginipûn awés2. Bopo Direktur yèn mundût mesthi îngkang bermerek"

"Opo ono ?"
"Onten. Setunggal iji isinipûn sepasang mangkok. Kîngîng nggé tiyang kalîh. Onten abrît, cemeng, pethak, ….. Onten sîng nganggé rendho2, niku”
"Lhó, kok anèh ?"
"Ukuranipûn werni2. Kulo tumbasken ukuran ageng "
"Sak rai mlebu kabèh, koyo wong topèngan ?"
"Enggéh"
"Wé lha dhalah, Jagad Dhéwo Bhatoro ….. opo kuwi ?"
"Merek-é kondang sanget, kok"
"Opo ?"
"Triump utawi Wacoal. "


Tutuge

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh