SMS mbeler : Rukón karó tonggo


"Tonggo nyenyengit"
"Pak, sadhurûngé mati aku dhuwé penjalûk”
"Opo penjalókmu, buné”
"Sawisé aku mati, rabinen tonggo sîng tak sengiti kaé”
"Lhó, wong sengitmu nganti ke-pati2, kok ?"
"Bèn ! Bèn mèlu ngrasakké sengsarané dhadhi bójómu”

"Tonggo ngenyèkan"
"Dhelengen tanggaku, senengané ngenyèk bójóné. Nèk aku, nadhyan bójóku ngah ngoh, pah poh, kemproh, jombloh, kesèt, jirèh, bla …. bla …. bla …. aku rak óra tau ngenyèk bójóku”

"Tonggo mesra"
"Kaé dhelengen tanggamu, mesra banget. Sadhurûngé ngeloni, sîng lanang ngambungi bójóné”
"Karepmu piyé ?"
"Mbok samang nggîh ngoten niku, to pak”
"Yoh, mengkó soré tak ambungané njûk tak kelonané. Jenengé bu tonggo sopo, buné ? "

"Tonggo rèwèl"
"Wah, montoré déwé kok rèwèl ngentèk2ké ragat, óra koyo montoré tonggo sîng ra tau rèwèl, yo ?"
"Sajaké salah pilîh. Aku yo salah pilîh, jé”
"Salah pilîh piyé ?"
"Milîh bójó”

"Tonggo galak"
"Tanggaku nèk nesu nyentak2 bójóné, anak2é, abdhi2né nganti sak kucing2é, pitik2é mèlu dhi-sentak2. Óra ono sîng wani cemuwèt”
"Nèk kówé sîng nesu ?"
"Lawang, cendélo, kursi, méjo nganti sapu tak sentak2. Óra ono sîng wani cemuwèt”


Tutuge

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh