Gemblong ndhandhani kandang Kebo


" Temu lan Omon, yûk golèk jambu, yók
" Nang ngendhi ?
" Kebonné pakdé Arjo
" Pakdé Arjo jombloh opo Arjo itheng ?
" Pakdé Arjo Jombloh waé, kaé jomblohé nyetheg sok marahi ngguyu kemekelen.
" Ho ‘oh, yók
" Yûk, yûk, yûk ………..

" Pakdé Arjo, kenèng nopo kok deleg2.
" Lha, kuwi dhelengen.
" Wah enggîh, gawangé kandang kebo kecendèken.
" A: Iyo, angger mlebu kandang sunguné mesthi kepalang gawang.

" Lha mbok keboné dhisurûng mangké rak keboné ndingklûk njûr mlebet.
" Óra biso, angger sunguné keno gawang keboné njûk nggudhag2 ngamûk, jé.
" Sirahé keboné dhi-engkók2 mawon ……
" Pokoké, nèk cedaké sungu dhidhemok, keboné nesu.

" Gawangé dhibenakké óra biso po, Mu ?
" Kuwi gawang beton. Angèl dhibenakké, atos banget.
" Mulakno kuwi, aku judeg. Ayo dhiéwangi igûh pratikel.
" Opahé nopo ?
" Mengkó golèko jambu îng kebonku sak katogmu.

" Jobiné mawon dhidodosi, dhicendèkké. Pripûn ?
" Tenèh banyu udhan mlebu; kandangé dhadhi jenes.

" Sunguné dhikethok mawon, pakdé Arjo.
" ólèhé arep ngethok piyé ? Lagi dhidhemok sunguné waé wîs nggudhag ra karu2an, jé.

" Gampél
" Piyé ?
" Sikîl Keboné dhitegori mawon.
" Wah, iyo ! Wasis tenan kówé, Mblong. Aku kok bódó nemen to, …….

G, T, hik, …. ihikihikihik ……… ihikihikihik ………

" Niki si Gemblong pónakané Kiai Góntèng, jé.
" Sîk, tak njukûk pethèl sedélo, entènono yo.

G, T, ihikihikihik ……… ihikihikihik ……… ihikihikihik ………

Pakdé Arjo mlebu ómah lan bali manggûl pethèl mingis2 gedéné sak hoh-hah.
" Sikîl keboné sîng ajeng dhipethèl sîng pundhi disîk ?
" Sîng arep negor sikîl kebo sopo ?
" Lhó, mbeto pethèl niku ajeng nggé nopo ?
" Tak nggo negor sikilé si Gemblong.

Tutugeq

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh