Gemblong cah mbeler


Gemblong numpak Eskalator

" Mblong, aku mau kejendelen îng jero lift macet.
" Wah, njûk piyé ?
" Nganti patang jam jé.
" Aku yo wîs tau
" Kejendelen njeron lift ?
" Óra, aku numpak eskalator macet
" Wah, njûk piyé ?
" Aku meneng baé îng kono. Telûng jam.


Ketiban kambîl
" Nèk nemoni wong kacilakan, kówé kudhu piyé, Mblong ?
" Nulungi
" Dèk Temu ketiban kambîl kok óra tok tulungi ?
" Ajréh
" Wedhi ? Tetulûng kok wedhi ?
" Sîng nibakké kambîl kulo, jé !

Gembèng
" Bopo Guruuuuuuuuu !
" Ono opo ?
" Niko Temu nangîs njemplîng2
" Wènèhono duwît sèwu mengkó rak meneng. Kaé cah gembèng
" Mboten bakal meneng
" Piyé to ?
" Ha, kecemplûng sumûr, jé


Syókûr
" Mbok, mbok, aku mau dhitakoni bopo Guru
" Dhitakoni opo ?
" Sedhulórku piro ? Tak wangsuli aku anak tunggal
" Wah, bopo Gurumu kebak kawigatèn.
" Nîng njûr alok, jé ?
" Alok opo ?
" Alhamdulillaaaaaaaaaah.

Gemblong nulungi wong tuwo.
" Omon, nèk dhadhi cah enom iku kudhu piyé ?
" Kedhah mitulungi îngkang sepuh2.
" Gawénen conto, Mblong
" Rikolo meniko kulo kalian konco2 sedhoso cacahipûn, nulungi piyayi sepóh
" Nulungi opo ?
" Nyabrang dhalan
" Nèk mûng nyabrangké rak kari nggandèng, to ? Kok ndhadhak cah sepulûh ?
" Tiyangé mboten purûn nyabrang, jé.


Gemblong mûngsûh tawon
" Pakdé Kiaiiiiiiiiii ……. hóa ….. hóa …… hóa ……..
" Keno opo Mblong, raimu kok bithu2
" Tawon
" Dhientûp tawon kok nganti biru èbem ?
" Dhèrèng nganti ngentûp tawoné empûn dhitamplèk Gemblong
" Généyo ?
" Namplèké nganggé sekop ……. hóa ….. hóa …… hóa ……..


Pitiké Gemblong dhibedog.
" Muuuu, pitékku ilaaaaaaaang …….
" Wah, mengkó gèk dhibedog uwong, yo ?
" Óra ah, pitékku pinter éndo
" Nèk ngono gawé woro-woro
" Piyé carané ?
" Yo dhitulîs ono kertas njûk dhi-tèmplèk2ké tembok, wit2an, lll
" Tulisané nganggo aksoro opo ?
" Nganggo Hiragana, aksoro Jepang

Plak ! Gemblong dhikeplak Temu


" Ngono wé, nesuuuuuu. Aku takon tenan, jé.
" Yo aksoro latin, to.
" Wah, pitékku óra biso moco

Plak ! Gemblong genti ngeplak Temu.

" Sîk, sîk, sîk …… koyo mbiyèn pitékmu tok ajari moco ?
" Ho oh
" Kok óra biso moco ?
" Lha mîk tak ajari aksoro Jowo, jé.

Tutuge

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh