Sorodadu Nyolowadi


“Ono opo Mo, ono opo kok bekah bekuh sajak mikîr abot”
“Enggîh niki empûn pinten2 dinten kulo klisikan mboten saget tilem”
“Opo jalarané ?”
“Kulo kedunungan raos salah”
“Sebabé ?”
“Kulo slingkûh ....... “

“Wah ! Slingkûh karo sopo”
“Kalîh sekretaris kulo”
“Yo wîs, supoyo tentrem batînmu, ojo nganti slingkûh manèh”
“Lha niku ........ “
“Lho, kok lha niku piyé, to ?”
“Kulo slingkûh maléh”

“Wé lha, karo sopo menèh ?”
“Kalian team basket”
“Wé lhaaaaaaa ....... nèk ngono kuwi kowé kudu njalûk pangapuro bojomu”
“Nggîh, dospundi saéné kulo tak manût Ki Gdé”
“Nèk ngono, undangen bojomu”
“Ngestokken dawûh, Ki Gdé”

Liyo dino.

“Ki Gdé nimbali kulo ? Onten nopo ?”
“Hè’èh, aku dipûrbowaséso bojomu dikon njalókké pangapuro”
“Lho, bojo kulo salah nopo ? Ngantos sakniki bojo kulo gemati kalîh kulo, kok ?”
“Bojomu slingkóh”
“Ha ? Uhuk .... uhuk .... hu ...... huuuuuuuuu “
“Yoh, katogno anggonmu nangîs, bèn sudo sangganmu”
“Uhuk .... uhuk .... hu ...... huuuuuuuuu “

“Mulo soko kuwi, apuranen bojomu yo ndhóóok ..... “
“Uhuk ..... mboten mergo niku kulo keronto-ronto ..... “
“Sebab opo ?”
“Kulo nggîh slingkûh ........ “
“Wé lha ...... karo sopo ?”
“Kalîh tim bal-balan”
“Wé lhaaaaaaaaaa, wah, wah, wah ........ “

“Uhuk .... uhuk .... hu ...... huuuuuuuuu “
“Yoh, yoh, yoh ....... angger ora dibalèni baé yo, ndhók”
“Mulakno niku kulo nangîs ngguguk sebab mboten mûng niku, jé”
“Wé lha dalah. Karo sopo menèh “
“Kalian sorodhadhu”
“Tentara ?”

“Enggîh ..... cacahé sak batalyon”

Tutuge

0 komentar:

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh