Pûrwo Carito


Îng déso Karangasem naliko jaman Mentaram mbah Kromo kesuwûr prigel gawé dadûng utowo tampar sîng dhigawé seko sepet ireng. Sakîng kesuwuré, mbah Kromo dhiparabi mbah Dadûng Ireng. Nganti ono sîng njuluki Ki Gdé Dadûng Ireng. Salah sijinîng anaké jenengé Tukijo. Tukijo iko uwongé mbagusi, mbeler lan gembèlèngan. Nangîng sembodho. Tukijo óra gelem nerósaké penggawéyané bapakné, trimo ngulondhoro. Sepisanan Tukijo ngèngèr Dhèn Kakûng.

Tukijo ngèngèr dhèn Kakûng
Kulowargo iku isiné Dhèn Kakûng, garwané dhèn Ngantèn, putranè dhèn Anom lan ramané dhèn Sepûh. Ugo ono yu Painem abdhi sexy, mbok Joyo abdhi tuwo lan kang Tukijo, pak kebon. Dhèn Kakûng iku priyayi gûng binatoro, dhégdhoyo, sekti mondhro guno, óra tedas tapak palunîng pandé, sisanîng gurindho.
Nangîng praloyo margo …


Example

Adegan Pambuko
Dhèn Kakûng lenggahan ono teras ngendhikan karó dhèn Ngantèn,

" Wanódhyo iku yen wîs kelegan ólehé karonsîh muni piyé ?
" Adûh, kangmas, kula trésno sanget kalian panjenengan …
" Salah !
" Wuadóóóûh puînakééééé, ….
" Lupût !
" Uuuuhhhh …. Ahhhhh …Oooohhh
" Klèru !
" Lha, pripûn ?
" Tissuéé, tisune koaaaang, … cepet … Selak klebós …
" Wóóóó, …….. niku jenengé mbrebes mili
Karó cekikikan, priyayi lûró banjûr mlebu kamar.

Adegan Sepisanan
Yu Painem ngadep dhèn kakûng sîng senengané mlebu kamaré yu Painem
" Dhèn, kulo kalian dhèn Ngantèn pînak pundhi ?
" Yo pénak kówé, to
" Lhó, jarénipûn kang Tukijo, dhèn Ngantèn langkûng pénak …

Mak dhlosor, Dhèn Kakûng semapût.

Adegan Kepindo
Sakuwisé waluyo, Dhèn Kakûng dhuko yayah sinipi, nimbali Tukijo
" Jo, ... kurang ajar kówé, … !
" Nyuwûn dhuko, kulo mboten lepat dhèn, îngkang lepat Painem
" Painem ?
" Inggéh, amargi piyambakipûn dhamel kula kemropok
" Kemropok ?
" Inggîh, amargi yu Painem carios mbokbilîh keng putro nganu …
" Nganu piyé ?
" Nganu … katimbang kulo, dhèn Anom langkûng maremaken …

Tlepog !, dhèn Kakûng semapût maneh.

Adegan Katelu
Sakuwisé waluyo, Dhèn Kakûng dhuko manèh, nimbali Putrané sîng isîh ABG
" Bocah trûndóló, mréné kówé … !
" Onten nopo ?
" Kówe gawéné mlebu kamaré yu Painem, to ?
" Enggéh, ……… lha romo mirang2ké, jé.
" Lhó, kok malah … ?
" Enggéh, nèk kulo saget jam2an kalîh yu Painem. Mboten kadhos romo. Mûng kalîh menitan empûn mémblé.
Gedhebug ! sakîng wirangé dhèn Kakûng semapût kapîng teluné.

Adegan Kapat
Sawijinîng dhino, mbok Joyo magito-gito munjûk atûr
" Ketiwasan dhèn, … wonten dhuratmoko …
" Wuadûh, ono malîng ? Sîng dhicolong opo baé ?
" Wó mboten, îngkang dhipûn plajaraken Painem, badé dhipûn rabi …
" Lhó, … ?
" Inggéh, Painem inggîh purûn dhipûn plajaraken
" Sîng mlayokaké sopo ?
" Anu, … dhèn Sepûh …
Gróbyag ! dhèn Kakûng semapût kapîng papaté.

Adegan Kalimo
Sinambi dhikeroki mbok Joyo sîng umure 50an, dhèn Kakûng ngendhiko
" Lha kok yu Painem gelem karó bapakku sîng wîs sepûh ?
" Terang kémawon purûn
" Lhó, kok …. ?
" Inggéh, sakîng dhèn Anom, Tukijo, njenengan, ngantos dhèn Sepûh …
" Piye ?
" Anu, îngkang palîng maremaken milo dhèn Sepuh
" Sîk, sîk, sîk, … kok ngerti ?
" Ngertos kémawon, tiyang kulo sampûn nyóbi sedhoyo …
Óra kuwat ketaman wirang lan semapût kapîng pirang2, dhèn Kakûng gemléthak tibo njerbabah ndepani bantolo, óra tangi maneh. Pejah …… sampûn dut.

Adegan Pungkasan
Sakîng kagèté, sîng crito dhadhi pélo, óra biso muni `r'.
Dasal sekti mondhloguno, dhèn Kakûng sîng ngagem aji Poncosóno, kluget-kluget ulîp manèh. Dulûng pulîh soko gelahé, dhèn Ngantèn lawûh dhumlojog tanpo lalapan, sinambi mblebes mili, nangîs sesengglukan
" Tóbîl .. tóbîl .. anak kadal …. !
" Kok teko2 tóbal tóbîl kuwi ono opo ?
" Adûh kangmas, amît .. amît .. jabang bayi …
" Lhó, opo slilané …. nggalbini ?
" Óla, aku óla opo2, … putlamu kuwi, lhó
" Opo manèh … , pancèn bocah óla genah ….

" Katiwasan kangmas, dhèn bagûs njalûk daûp …
" Opo?, bocah gemblûng, umûl 17 kok alep labi ?
" Wo, kuwi óla sepilóa, maaaas … uhuk … uhuk …
" Opo manèh … ?
" Calon mantumu kuwi, lhó … O walah .. walah … walaaaaaaah
" Sopo to, sîng dhipîngini anakmu ?
" …. Mbok Joyo …. !

Tutuge

Utowo gólèki îng kolom tengen ono gambar koyo ngéné

2 komentar:

Winantu Rahardjo on 3:14 PM said...

Hehehe... heibat ! Ora nyono ora ngiro ono blog kok le jan menyenangkan...

Bangsari on 4:32 PM said...

hahahaha. persis dagelan mataram puniko.

 

Xibroto Files

Friends

About Us

Xibroto Files Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh